اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ كَانَ بِعِبَادِهِ
خَبِيْرًا بَصِيْرًا، تَبَارَكَ الَّذِيْ جَعَلَ فِي السَّمَاءِ بُرُوْجًا وَجَعَلَ
فِيْهَا سِرَاجًا وَقَمَرًا مُنِيْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ
اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ ورَسُولُهُ الَّذِيْ بَعَثَهُ بِالْحَقِّ بَشِيْرًا
وَنَذِيْرًا، وَدَاعِيًا إِلَى الْحَقِّ بِإِذْنِهِ وَسِرَاجًا مُنِيْرًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ على سيّدنا محمّد وَعَلَى اَلِ سَيِّدِنَا
محمّد بِعَدَدِ كُلِّ دَاءٍ وَدَوَاءٍ وبَارِك وسلِّم عليهِ وَعَلَيْهِمْ كثيرًا. اَمَّا
بَعْدُ
Hadrotil mukaromin wal muhtaromin poro alim poro ulama, wabil ahos Dumateng
pangersanipun Al-Mukarom Bapak Kyai Saifuloh soho Kyai Faqih minongko Pengasuh
Masjid Al Huda Gembongmalang, ingkang tansah kulo ta'dzimi. Dumateng pangersanipun Sohibul
fadilah wal karomah K.H Agus Maulana Hasan Pengasuh PP. Misbahul Falah Mangunsari Jatilawang Banyumas Ingkang kito tengo-tengo fatwa soho Mauidoh hasanahipun,
Dumateng pangersanipun KH. ……………………………………………………………..Ingkang tansah
kulo ta’dzimi
Dumateng pangersanipun KH. ……………………………………………………………..Ingkang tansah
kulo ta’dzimi
Soho poro Kyai-kyai sanesipun ingkang mbten saged kawulo sebat
setungal-setunggalipun ananging mbten ngirangi raos hormat soho ta’dzim kawulo,
Dumateng Bapak Kepala Desa sa’perangkatipun ingkang tansah kulo
dereaken menggah peraturan-peraturanipun,
Dumateng pangersanipun poro bapak ,poro ibu Wali santri, tamu
undangan hadirin wal hadirat ingkang tansah dipunrohmati Alloh.
Langkung rumiyin monggo kito tansah muji syukur
dumateng Alloh swt ingkang sampun paring mapinten-pinten karohmatan, kesehatan,
soho inayahipun dumateng kulo lan panjenengan sami sahinggo wonten ing wekdal Ndalu puniko
kito sedoyo saged makempal manunggal wonten ing meniko Majlis kanthi mboten wonten
alangan satunggal punopo, sholawat soho salam mugi tansah katetepaken dumateng
junjungan kito Nabi Muhammad saw. Lan mugi2 kito sedoyo kalebet umatipun
ingkang nampi syafatipun wonten ing yaumil qiyamah. Allohumma amiiin.
Hadirin wal hadirot ingkang tansah kawulo mulyaaken. Keparengo
kawulo ing mriki mausaken menggah runtutipun adicoro Peringatan Isro Mi’roj Nabi Muhammad saw soho Khotmil Qur’an Wal
Kutub ingkang bade lumampah ing wekdal Ndalu puniko,
1.ingkang
sepindah inggih puniko pembikaan
2.Ingkang
kaping kaleh inggih puniko waosan ayat Suci Alqur’an soho Sholawat
Nabi
3.Ingkang
kaping tigo inggih puniko Sambutan-Sambutan
- Sambutan Saking Ketua
Takmir sekaligus Ketua Panitia
- Sambutan Saking
Walisantri
- Sambutan Saking Bapak Kepala Desa
4.
Ingkang kaping sekawan inggih puniko Mauidzoh Hasanah
5. Ingkang kaping gangsal inggih puniko Do’a utawi panutup
Mekaten wau menggah runtutipun Adicoro ingkang
badhe kito lampahi pramilo Gegayutan wekdal sampun sawetawis Ndalu monggo adicoro
puniko kito bika sesarengan kanthi waosan umul kitab kawulo derekaken alfatihah
.........(selesai) mugi2 kanthi waosan ummul kitab kolo wau
sagedto nglancaraken Adicoro wonten wekdal puniko
a.
Ndungkap Adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat
suci Alqur’an soho solawat, pramilo dumateng Ustad Muhtarom. kawulo
sumanggaaken sacekapipun (selesai).mekaten wau waosan ayat Suci Alqur’an soho
sholawat nabi ingkang dipun waos …..mugi2 dados kesaenan kito lan panjenengan
sedoyo. Allohumma amin
b.
Ndungkap Adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko
sambutan-sambutan
- Sambutan ongko setunggal inggih
puniko saking Pengasuh Pon Pes Al Hikmah Tegal Sari Dumateng Panjenenganipun
Agus KH. Ulun Nuha ZA kawulo sumanggaken Sacekapipun. Dipun aturaken
matur sembah nuwun dumateng panjenenganipun…
- Sambutan ongko kalih inggih puniko
saking Perwakilan Walisantri …
- Sambutan ongko tigo inggih puniko
saking Bapak Camat Kawunganten
c.
Ndungkap Adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko Inti
Pengaosan Akbar dalam rangka Haflah Akhirussanah PP. Al Hikmah Tegalsari Kawunganten,
pramilo dumateng Panjenenganipun Sohibul Fadilah Walkaromah K.H Muslihun Ashari
Pengasuh PP. Al-Fatah Jayanihim kawulo sumanggaaken sacekapipun. Dipun aturaken
matur sembah nuwun dumateng Panjengenagnipun Mugi2o
kita saged mendet Hikmah Manfaatipun Mauidzoh Hasanah meniko Amiiin…
d.
Ndungkap Adicoro ingkang kaping gansal inggih puniko Do’a utawi penutup
ananging sakderengipun dipun do’ani kawulo atas nami Pranoto adicoro mbok bilih
onten kalepatan soho kekirangan anggen kawulo matur ,kawulo nyuwun agunging
pangapunten ingkang sak kathah – kathahipun…. Wallahul muwaffiq ila
aqwamit-tharieq Wasalam…
Dumateng panjenenganipun kawulo
sumanggaaken.
*Istirahat -__ Dumateng Poro Hadirin
Wal Hadirot Ingkang Sampun Nampi Pasugatan kawulo aturi ngersaaken kanti
merdeko…
Post a Comment
Terimakasih atas komentar dan masukan anda